Thursday, January 4, 2018

Materi Prastawa/Peristiwa - Bahaasa Jawa Kelas III Semester Genap

Kerja Bakti

Dalan gedhe sing gliwati tengah Desa Dhuwet iki rusak. Kerep ono kendharaan seng slip jalaran akeh clowongane. Yen kahanan iki ora enggal didandani saya suwe tambah rusak, meskae sing pada liwat.

Ana rembug desa sing dipimpin Pak Marjono, Ketua RW, dijelaseken menawa dalan sing rusak iku perlu enggal didandani. Diputusaken yen dalan bakal dicor. Ragade disangga warga desa kanthi urunan. Tenagane saka warga desa kanthi gotong royong. Pak Marjono ngendika yen pamerintah bakal bakal maringi bantuan semen.

Kerja bakti dirncanaaken ing dina Minggu supaya kabeh warga bisa melu tumandhang.

Dina minggu wayah tabuh wolu, para warga padha nglumpuk. Kabeh nggawa piranti dhewe-dhewe. Sing teka ora mung wong tuwa. Para nom-noman lan bocah-bocah uga padha melu gumregut. Ana sing ngusungi pasir, ngangkut kricak. Ana seng ngangsu. Ana tukang sing mligi nglakokaken molen. Ibu-ibu PKK ora keri. Ibu-ibu sing kajibah olah-olah. Kira-kira jam rolas anggone padha nyambut gawe leren. Banjur padha mangan bebarengan.

Sawise ngaso sawetara tumuli tumandang maneh nganti meh surup lagi padha mulih.

Saiki dalane wes alus. Lalu lintas lancar. Mangkono kerukunane warga Desa Shuwet.

Gladhen
Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenen nganggo tembung sing trep!
  1. Dalan tengah Desa Dhuwet rusah, arep ....
  2. Ragad kanggo ndandani dalan saka ....
  3. Pak Marjono ngendika yen pamerintah arep maringi ....
  4. Kerja bakti dienengake dina Minggu, supaya ....
  5. Ibu-ibu PKK entuk bagean ....
  6. Olehe leren kira-kira ....
  7. Banjur padha mangan ....
  8. Bareng didandani saiki dalane ....
Disqus Comments